Jumat, 24 Juli 2009

Give Me Mona

GIVE ME MONA dibentuk teko limo arek enom (MUHAMMAD KHASOGI "OGY" (VOCAL),HARA YUDHA "AMBON" (LEAD GUITAR),ADHIPURUSA PUTRA "GEPENK" (BASS),CHANDRA TRI FEBRI "NYOT" (GUITAR),TOMMY MAS ARYA "TOM" (DRUM N PERCUSION))seng due pikiran-pikiran kreatif gawe musik Indie. GIVE ME MONA didekno tanggal 18 Desember 2005.
arek-arek personil GMM kepingin ngrameno pentas hiburan ambek lagu-lagu cipta'ane dewe. Contoe lagu iki :





Sejarah mbentuk'e GIVE ME MONA dimulai teko konco kumpul SMA seng sak durunge duwe band dewe-dewe teko aliran musik seng seje-seje,tapi due aliran musik favorit seng podo yoiku “melodic punk” terus sejarah mbentuk'e jeneng GIVE ME MONA asale teko kepingine arek-arek personil GMM seng podo-podo nyenengi arek wedok konco sekolah'e , jenenge MONA.tapi sakno'e, mona wes due pacar.

Gara-gara iku, arek-arek personil GMM mbentuk band ancor ati seng gak nyanyino lagu-lagu nanges tok tapi yo lagu ambek irama melodic ceria ambek nyampurno unsur-unsur emosi nang njerone , dadi seng ngrungokno gak mek ngrungokno lagu-lagu cengeng , tapi yo lagu jerit-jerit semangat.GIVE ME MONA gawe aliran musik seng jeneng'e pop disaster, nek uwong-uwong ngomong jarene aliran pop punk,melodic,opo punk skate. GIVE ME MONA nggowo'no lagu seng enak dirungokno, duwe karakteristik,emosi ambek spirit arek nom-noman pokok'e.




-GIVE ME MANAGEMENT-
Griya Kebraon Utama VII / DE No.6
Surabaya Selatan - 60222
Telpon : (031) 71740049 / (031) 60474114
E-Mail : givememona@yahoo.com Read More......

Kamis, 23 Juli 2009

Duwe Gawe

Photobucket


Tontok'en JUST FOR FUN 2 nang BIG BOXX JL SUMATRA NO 40 SBY tanggal 2 agustus 2009 jam 13.00 - 22.00 bengi. Dirameno BAND TERKENAL SBY, JKT, SDA, MLG!!!!TICKET BOX mek Rp 7000 tok

onok 24 BAND seng ngrameno acara iki, ANTARANE:

NOT FOR FUN
STUPID KIDS
PITT FALL OTTER
MYFREN SUPERSTAR
TOAST N BANANA
PING PONG DASH
SUPERMARIO
EXTREME GENERATION
BANDICOTS
HOLIDAY SCHOOL
GUD LUCK EVERYDAY
HERE WE GO AGAIN
CRAZY LAZY
NONA NOSKIN
LOCODIA
JERKY BASTARDO
FREAKY FRYDIE
UNDER MY TRHOAT
FILM CARTOON
BUTTER COOKIEZ
THE FLINSTONE
M.K.B
GIVE ME MONA
SATCF Read More......

Rabu, 22 Juli 2009

Award Suroboyo Show

▄ Gawe konco-konco Suroboyoshow, aku neng Dea ngucapno suwon seng akeh yo gawe konco-konco seng wes mlaku-mlaku opo ndelok-ndelok Suroboyo.Award iki tak kekno gawe:

▄ Buat Teman-teman Suroboyoshow, aku neng Dea mengucapkan terima kasih banyak buat teman-teman yang sudah berjalan-jalan atau melihat-lihat Surabaya. Award ini saya berikan untuk :

▄ For friends Suroboyoshow,I neng Dea want to thank a lot for friends who are walking or see Surabaya. I give this award to :

♥ http://satriyoku.blogspot.com
♥ http://pedasmaniscinta.blogspot.com
♥ http://joxerz.blogspot.com
♥ http://masterzukhruf.blogspot.com
♥ http://world-of-education.blogspot.com
♥ http://nomoreseed.ucoz.com
♥ http://minahkiwi.blogspot.com
♥ http://eversongs.blogspot.com

Photobucket




▄ Gawe konco-konco seng gurung oleh, sepurane yo. ngkug onok award ke2. Sering mampir nang Suroboyoshow yo. Suwon

▄ Buat teman-teman yang belum dapat, maaf ya. Nanti masih ada award ke2. Sering berkunjung di Suroboyoshow ya. Terimakasih

▄ For friends who can not, so sorry. Later still have to award 2. Frequently visited in Suroboyoshow ya. Thanks
Read More......

Kamis, 16 Juli 2009

Budoyo

Iki loh gambare Suroboyo nek nang peta. Nggone nang pucukan. cidek karo pulau Meduro.

Photobucket


Omah Tradisional


Photobucket

Iki gambar omah tradisional Jawa Timur. Nang Suroboyo omah tradisionale yo koyok ngunu iku. Podo karo kuto-kuto nang Jawa Timur lainne. Omah ngunu iku jenenge Joglo .


Klambi Tradisional

Photobucket
iki gambar klambi adate Suroboyo. podo koyok klambi teko meduro. Biasane klambine iku wernone ngejreng. Lah seng lanang gawe kaos belang-belang abang poteh rompi ireng gawe kopyah.


Alat Musik Tradisional

Photobucket

Alat musik tradisional alias gamelan iki guduk gotek'e wong jawa timur tok. wong jawa tengah, bali yo nggawe gamelan. Tapi suarane opo nek keren'e alunan nada'e iku seje-seje.


Senjata Tradisional


Photobucket

Suroboyo - Meduro senjatae yo koyok gambar iku. jenenge Clurit. Nek saiki ngunu jarang arek nom-noman seng nggowi clurit. roto-roto saiki Clurit mek digawe mbabat suket nang ngarep omah opo nang sawah.


Hiburan

Tari-Tarian

Tari paling sering ketok nang Suroboyo iku tari Remo. biasane Tari seng ngetokno kegagahan iki dipentasno gawe mbukak acara.

Photobucket

Nek gambar nisor iki jenenge tari lenggang Suroboyo

Photobucket


Ludruk


Photobucket

Ludruk iku seni panggung guyonan, biasane nyritakno urip'e rakyat jelata seng diimbuh-imbuhi kritik sosial. Ludruk terkenal nang Suroboyo yoiku grup'e Kartolo CS.


Parikan


Parikan iku nek Indonesiane podo karo pantun. Parikan isine nasehat, guyonan, opo kritikan. Contoh'e parikan :

nggolek obat nang wonokitri
liwat ciliwung akeh polantase
onok maksiat ojok dicedeki
nek wis kecemplung angel mentase....

ketemu simbah mangan koro
korone diwadahi kloso
akeh musibah nang isine ndunyo
mergo menungsone kakean duso

ndas ngelu kebenthuk penduso
tuku obat nang apotek sehat
nek wis rumongso kakean duso
ayo podho tobat lan ojok lali sholat

Read More......

Senin, 13 Juli 2009

Belajar Bahasa Jawa

Ini posting dikhususkan untuk pembaca yang sebelumnya tidak mengerti tentang bahasa jawa. Ini bahasa jawa Suroboyoan. mungkin sedikit berbeda dengan bahasa jawa didaerah-daerah lainnya.

Dimulai dari kata yang biasa kita lontarkan :

Aku = Aku
contoh :
"Aku kate tuku tempe nang warung bulek Muna "
"Aku mau membeli tempe di toko tante Muna "

kamu = Koen
contoh :
"jarene sopo koen?"
"Katanya siapa kamu?"

Dia = De'e
contoh :
"iyo, aku seneng karo de'e"
"iya, aku suka/cinta dengan dia"

Apa = Opo
contoh :
"kurang opo maneh?"
"kurang apa lagi?"

Kenapa = Opo'o / kenek opo
contoh :
"Opo'o arek iku? kok mrengut ae"
"Kenapa anak itu? kok cemberut saja"

Bagaimana = yak opo
contoh:
"yak opo kabare? walah wes sue gak tau metuk"
"bagaimana kabarnya? haduh sudah lama tidak pernah bertemu"

Dimana = nang ndi
contoh :
"koen tuku klambi iku nang ndi?"
"kamu beli baju itu dimana?"

Siapa = Sopo
contoh :
"Sopo seng nyeluk mau?"
"siapa yang memanggil tadi?"

Mungkin = Be'e
contoh :
"Be'e ae de'e seng nyolong"
"Mungkin saja dia yang mencuri"

Begitu = Ngunu
contoh :
"oalah ngunu ta, jek tas ero aku"
"oh begitu, baru tahu aku"

Kalau = Nek
contoh :
"Nek ngunu aku tak budhal dewe"
"kalau begitu aku berangkat sendiri"

Tempat = Nggon
contoh :
"iki loh nggon panganan seng paling enak"
"ini loh tempat makanan yang paling enak"

jalan-jalan = mlaku-mlaku
contoh:
"mlaku-mlaku yok, mblenger nang omah"
"jalan-jalan yuk, bosan di rumah"

Anda masih bingung? silahkan tinggalkan pesan. Saya akan membantu anda :) Read More......

Sabtu, 11 Juli 2009

Data Suroboyo

Jeneng : Suroboyo
Lair : 31 Mei 1293
Omboh'e : 326,36 Km2
Akeh Kecamatan : 31 Kecamatan
Wilayah :

Suroboyo Tengah

Suroboyo Wetan

Suroboyo kulon


Suroboyo Lor

Suroboyo Kidul
Suku : Jawa , Madura , Tionghoa , Arab
Boso : Boso Suroboyoan
Agama : Islam, Kristen, Katolik, Budha, Hindu , Kong hu chu
Budoyo : ❤ Ludruk
❤ Tari Remo
❤ Kidungan
Walikota : Bambang DH
Transportasi :
❤ Terminal : Bungurasih , Osowilangon
❤ Stasiun : Pasar Turi, Gubeng, Wonokromo
❤ Bandara : Juanda
❤ Pelabuhan : Tanjung Perak
Nggon blonjo :
  • Mall: Plaza Tunjungan, Surabaya Town Square, Mal Galaxy, Surabaya Plaza (Delta Plaza), Pakuwon Trade Center, Supermal Pakuwon Indah, Royal Plaza, Golden City Mall, Plaza Marina, Jembatan Merah Plaza, City of Tomorrow, Empire Palace.
  • Modern: Sinar Supermarket 24 jam, Sinar Jemursari, Carrefour Golden City, Carrefour BG Junction, Carrefour Center Point, Carrefour Rungkut, Carrefour Ahmad Yani, Makro Tandes, Makro Waru, Giant Maspion Square, Giant Mayjend Sungkono, Giant Mulyosari, Giant Wiyung, Hi-Tech Mall (pusat komputer), Tunjungan Electronic Center, World Trade Center (pusat ponsel), Jembatan Merah Plaza (JMP) dan Pusat Grosir Surabaya (PGS).
  • Tradisional: Pasar Atom, Pasar Turi, Darmo Trade Center (DTC), Pasar Tambah Rejo Baru, Pasar Genteng, Pasar Kapasan.
Read More......

Bajul Ijone Suroboyo

Persebaya

Photobucket

Persebaya iku jenenge klup bal-balan teko Suroboyo seng didekno tanggal 18 juni 1927. klub seng klambine iji-ijo opo ijo-poteh iki wes akeh nyiptakno pemaen-pemaen gawe Timnas. antarane Abdul Kadir, Rusdy Bahalwan, Rudy Keltjes, Didiek Nurhadi, Soebodro, Riono Asnan, Yusuf Ekodono, Syamsul Arifin, Subangkit, Mustaqim, Eri Irianto, Bejo Sugiantoro, Anang Ma'ruf, Hendro Kartiko, Uston Nawawi, Chairil Anwar, dan Mursyid Effendi


Bonek

PhotobucketPhotobucket

Bonek yoiku jenenge suporter PERSEBAYA. Jarene wong kuto-kuto liyo, bonek iku arekke sangar, ndablek, mlete, gak gelem bondo. tapi yo gak kabeh seh arek bonek koyok ngunu mau. Apikke arek bonek iku setio ambek koncoe. Markase Bonek onok nang mburine Gelora. Nang markas iku koen yo isok tuku barang-barang seng Bonek/PERSEBAYA pol.
Read More......
 

© Copyright by SUROBOYO SHOW | Template by BloggerTemplates | Blog Trick at Blog-HowToTricks